Welcome to my blog, hope you enjoy reading
RSS

Jumat, 02 Januari 2015

(sok) STRONG!

Selamat hari sabtu pertama di bulan januari dan persiapan malam minggu pertama di tahun 2015 :D Pasti pas taun baru wingi akeh sing 'make a wish' yo kan? Gawe permintaan iku gausah neko-neko, contohe aku pengen manusia2 jombloers dan LDR holic ora usah sok-sokan strong padahan atine ambrol, yen pengen nangis yo nangis, yen pengen gulung yo ndang gulung, yen pengen nyakar tembok yo nyakaro gakusah sok muni "aku strong kok". Wes ta lah rek awamu iku gausah jaim-jaim barang, nggatek jaim yo percuma awamu muni strong terus akhire yo nangis. Aku ngerti kok maksudmu muni nk awamu strong wi ben dikiroSuperman ngono kan? Superman sing gak gampang nangis iyo kan? wes gausah nggawe alesan. Strong kuwi artine kan kuat, saiki aku mbahas jombloers, jomblo sing strong iku jomblo sing iso move on. Move on ora kudu nduwe pacar anyar, sepikan anyar, lan lain-lain kuwi ngono merugikan rek. Move on contohe golek kegiatan sing iso nggawe awamu nyaman trs lali gak mikirno masalah penyebab awamu jomblo terus sedih berkelanjutan. Aku pernah di ceritani kakak kelasku jenenge mbk Lutfi tentang move on, ceritane ngene: awamu pernah nduwe konco sing bapak/ibuke wis meninggal? Misale ae kancamu sing meninggal iku ibuke, de'e sedihlah pasti, tapi pas konco-koncone teko opo de'e bakal nangis ngetok-ngetokne nk de'e sedih? Gak, pasti de'e bakal masang wajah seneng soale de'e ngroso awamu ws perhatian wis gelem teko nang omahe de'e. Padahal de'e sesok bakal mikir isuk-isuk tanpa enek ibuke maneh, gkenek sing bakal nggugah de'e, de'e yo gak bakal ngrasakne masakan ibuke neh. Tapi de'e iso gakiso kudu iso nglewati kuwi kabeh dan pasti de'e nduwe harapan gawe nyenengno ibuke sing uwis ndk surga kono :') Dan awamu sing jomblo susah move on, pacarmu kuwi lagek enek sedilut ndk uripmu misale dibanding karo ibukmu sing ket awamu cilik wis ngramut awamu tulus, sayang awamu tulus, dan ibukmu yo gak bakal nduwe niatan gawe ninggalne awamu. Tapi pacar? Iku bedo adoh rek, nk awamu gaiso move on teko pacarmu berarti awamu gak se-strong kancamu sing wis ditinggal bapak/ibuke meninggal mau. Yo ngono ceritane mbk Lutfi :) Terus saiki LDR holic. LDR emang gkenak, awamu kudu nahan kangen sing kehalang karo jarak, dan kuwi ora gampang. Awamu muni ning pacarmu nk awmu Kuat padahal angger bengi mesti bantalmu teles mboh kuwi iler opo banyu teko motomu. Opomaneh cah wedok sing LDR pas ndelok kancane mlaku bareng gandengan tangan karo pacare mesti muni "aku kapan koyok ngono? Aku strong kok" gausah ditambahi aku strong, dengan awamu muni "kapan aku kyok ngono" kuwi wis mbuktikne awamu berharap tapi berharap karo ngersula. Nah nk awamu ngersula bererti awamu gak kuat, gak strong! :3 Nah nk LDR misale ape ketemu ojo ditarget, tapi yok opo carane ben ora nggawe kecewa pacarmu, awamu ngomong misale tgl 32 ketemuan lahkok lgek iso ketemuan tanggal 36, yo gakpopo sing penting ketemu tapi kan awale wis nggawe kecewa. Oke terus nk awamu gakiso ndang ketemu-ketemuan yo ndungo (berdoa) rek, ojo muni setrang setrong. Ndungo ben Tuhan wi tetep ngekeki de'e sehat, ben enek wektu gawe ketemu awamu, nangiso pas ndungo ojo nagis nggawe emoticon iki :'( emange pacarmu ngerti? Terus pacarmu ape ngelapi banyu moto sing ndk emoticonmu ngono? Wis sing sabar wae yo LDR holic ;;) Oiyo tahun 2015 iki ojo digawe galau lan sok-strong , digawe berwarna wae rek, lan misale awamu nduwe masalah cobak ngomong ngene "Hai masalah, aku gak takut, karena aku punya Tuhan yang besar" terus ojo lali ndungo;;) SUGENG TAUN ANYAAAAARR :d salam, iyel

0 komentar:

Posting Komentar